Aksi Entertainer Keyboardis Reggae Tegal

Kadang... Enyong ora nyangka bisa dolanan keyboard, apa maning menguasai beberapa lagu klasik. Contone: Fur Elize (L.V. Beethoven), Turkish March (W.A. Mozart), Invention No. 8 (J.S. Bach), Entertainer (Scot Joplin), de el el...

Padahal, gemiyen angger manggung seringe nggawa keyboard silihan karena ndakene dewek sing nggo latihan nang umah urung layak dinggo main nang panggung. Nyilihe juga nang sapa bae sing gelem nyilihi. Kaya nang Rumah Dinas Bupati (Yamaha PSR 2000), Nang Bocah Slavia (Yamaha PSR 450), utawa keyboard sing wis dipasang nang panggung. Seringe juga ora nyilih dewek, tapi disilihna kanca batir jakwir kabeh. Mulane ari dolanan saanane karo nuruti sing nyilihna.

Jamming Bareng Rasa Rasta Reggae Band

Sadurunge dadi keyboardis Reggae, aku cuman tutor kursus musik lan guru seni budaya biasa. Tarafe paling mung seneng ngrungona karo main lagu sakarepe nggo awake dewek tanpa due ekspresi nang panggung.
Angger ora kenal bocah-bocah Rasa Rasta, mungkin enyong cuman dadi keyboardis kandangan sing ora bisa tampil atraktif nang panggung.
Mulane kue, enyong matur nuwun nemen karo Rasa Rasta sing wis nei kesempatan gabung main bareng karo kenal komunitase sing luar biasa.  Rasa Rasta sing ngejak ngenal lan ngembangna ilmu musik Reggae nggo pengetahuan lan latihan ngolah dunya sesenengan alias enterainment.

Mbokan pengin weruh lan pengin ngerti keyboarde aku sing mbiyen, ya ngunjungi tulisane enyong sing kiye:
Alkhamdulillah... Prihatine enyong wis kebayar, ndue Roland BK-5 Sebagai Keyboard Keluarga anyar sing luwih lengkap fitur karo fasilitase.

Saiki lagi nyoba mensukuri ben ilmune nambah terus lan ora pethakilan maning. Malah, saiki nyoba dadi uwong sing ora pelit nganggo cara mbagi - mbagi ilmu (walaupun kadang ana ilmu sing ora tak sebarna, He...66X). Tapi, kue mau jarene bertahap...
Ngutip kalimate Bapak Agus Riyanto: yang merdeka adalah yang ikhlas. Muga - muga bae, dalam waktu dekat aku bisa nerapna ilmu ikhlas... Ben uripku bisa berkah. Amien...66X.
Nah... Foto kiye tak unggah ggo ngelingna masa gemiyene aku nalikane esih enom. Kangen, base camp Bank BCA, Bunderan GBN, Alun-Alun Slawi, Rumah Dinas Bupati Tegal, Slawi Wetan (Posong). Kangen melek bengi nganti ora turu padahal esuke kerja. Bahkan pernah hampir ora melu Sholat Ied Fitri karena nongkrong nganti esuk. Ngopi, nongkrong, ngobrol cita - cita, strategi, gluwean, bahkan turu neng trotoar...

Postingan terkait:

3 Tanggapan untuk "Aksi Entertainer Keyboardis Reggae Tegal"

  1. kelingan enyonge sung....
    kapan yah perfom maning um ??

    BalasHapus
  2. Iya, yah...
    Wis sue ora pada ngejam bareng...
    Gagian, owh... Golet even... Ne ora ana, brarti gawe event.
    He...66X.

    BalasHapus
  3. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus

Silahkan menulis komentar untuk kebaikan anda, saya, dan orang lain...