Lirik dan Akord Lagu Balapulang

Karya: Imam Joend
Arransemen Musik: Roomy Rumiyanto

Balapulang...
Ning kana miyen nyong lahir lan dolanan
Langka listrik...
Paling banter patromak sing akeh ceplik
Kali banjir nggo ngumbahi
Nggo adus, rok-rokan, inggek-inggekan
Akeh iwak, akeh jangkrik, lan walang
Susuh manuk pirang-pirang...

Lubar Ashar...
Bocah cilik, wong tua enom ning langgar
Uwong ngaji...
Saben umah swarane ngademi ati...

Reff:
Sing petani...
Esuk-esuk wis pada nyawang tanduran
Sing pedagang...
Repet-repet wis pada siap dagangan
Tukang kayu...
Bar sarapan wis ngasah landepe sugu
Sing pegawai...
Mangkat esuk sorene wis leyeh-leyeh
Katon tentrem masyarakate
Katon ayem suasanane
Balapaulang...
Aduh-aduh Balapulang...

Balapulang...
Saiki wis akeh nemen perubahan
Lampu padang...
Rapet umah ngantikan ning sawah-sawah
Kali cethek...
Banyu mlipir sacuil, diportas iwake entek
Swara hewan...
Wis diganti radio, tip, tipi, lan kendaraan

Balapulang...
Pancene ora seayu jaman mbiyen
Taapi inyong tetep demen
Ora bakal bisa klalen

Back to Reff

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Lirik dan Akord Lagu Balapulang"

Posting Komentar

Silahkan menulis komentar untuk kebaikan anda, saya, dan orang lain...